PAWARTA CERITA
Umat Hindu Nindakaken
Upacara Melasti
Gunungkidul,Dungkap Dinten Riyaya Nyepi, warsa enggal Saka 1935, tanggal 12 Maret benjing, atusan Umat Hindu saking wewengkon Ngayogyakarta lan sakiwa tengenipun nindakaken upacara Melasti, ing Pesisir Ngobaran, Gunungkidul. Ancasing upacara kangge sesuci dhiri utawi buwana alit, lan buwana agung utawi jagat raya.
Upacara Melasti kangge mahargya Dinten Riyaya Nyepi, tandha gumantosing warsa enggal Saka 1935, dipun tindakaken ing Pura Segara Wukir, Pesisir Ngobaran, Saptosari, Gunungkidul dinten Senen (25/2) siyang. Upacara Melasti dipun estreni dening atusan Umat Hindu sawewengkon Ngayogyakarta lan sakiwa tengenipun, kalebet Umat Hindu saking 15 pura ing Gunungkidul. Umat Hindu katingal tumemen nindakaken upacara dipun pandegani dening Pendheta Puja Bratha Jati. Miturut Ketua Persatuan Hindu Dharma Indonesia (PHDI) Gunungkidul, Purwanto, Upacara Melasti mengku werdi sesuci dhiri lan jagat raya, kangge manunggalaken trihitakarana, sarta minangka rerangkening upacara lan brata penyepian ingkang badhe dhateng. Kajawi punika, Melasti ugi mengku ancas kangge sesuci asil pertanian, kanthi nyawisaken sesaji utawi banten, pekuluh, tumpeng, sarta gunungan.
Upacara Melasti, dipun pungkasi kanthi nglarung sesaji dhateng seganten, kangge mbucal enem watak manungsa ingkang awon, kama utawi nafsu biologis, srakah, murka, mada, utawi wuru, bingung sarta drengki lan srei.

PAWARTA DADAKAN
KACILAKAN
MONTOR MABUR ING MAGETANDurung suwe iki pancen wis tau dikabarake yen akeh montor mabur sing padha nemahi kacilakan ing mancanegara utawa ing Indonesia. Durung ana rong sasi kabar mau, lha kok kasusul maneh kedadeyan montor mabur tiba durung suwe iki, pase ing desa Geplak, Kecamatan Karas, Magetan, Jawa Timur rikala dina Rebo esuk kira-kira jam setengah pitu ing tanggal 20 Mei 2009, nalika bangsa Indonesia mengeti Hari Kebangkitan Nasional. Montor mabur kang tiba lan kobong mau duweke TNI AU jinis Hercules C-130 nomere A-1325. Miturut pawarta saka layang kabar lan tivi, montor mabur kasebut budhal saka pangkalan Lapangan Udara Halim Perdanakusuma Jakarta lan arep tumuju dhaerah Biak, Papua. Nanging durung nganti tekan papan kang tumuju, lan nalika arep mampir ing Lapangan Udara Iswahyudi Madiun montor mabur kasebut nemahi kacilakan.
Malah ing kedadeyan iki, luwih saka wong satus nemahi tiwas klebu warga desa sing omahe melu kenteban montor mabur kasebut. Saliyane iku, ana wong 15 kang uga melu nandhang tatu abot lan entheng. Dene omah-omah ing desa kasebut sing kenteban lan ndadekake remuk lan kobonge udakara patang omah. Ana sing ajur mumur lan ana sing payone remuk tanpa sisa. Kanthi anane kacilakan montor mabur duweke TNI AU kasebut mesthi wae ndadekake warga ing sacedhake pangkalan mau dadi padha jinja. Ing atase ora ngerti apa-apa, ngerti-ngerti ketiban sial.
Sing cetha kacilakan Hercules C-130 duweke TNI AU mau nambahi tansaya akeh dhaftar kacilakan montor mabur duweke TNI AU. Pancen akeh sing kandha yen sejatine montor mabur-montor mabur duweke negara mau akeh sing wis padha tuwa lan kudu diganti. Nanging gandheng kanthi alesan anggaran ora nyukupi, kepeksa montor mabur tuwa isih tetep digunakake kanggo ngangkut wong lan barang-barang liyane. Apa ya pancen kacilakan mau bener-bener amarga saka umure montor mabur sing wis tuwa utawa saka sebab liyane? Ditunggu wae asil saka katrangane pamarintah bab sebab-musababe kacilakan montor mabur kasebut.
http://www.scribd.com/doc/88372148/Pawarta-Basa-Jawa
PAWARTA DINAN
DHEMO NGREMBAKA MANEH
Kaya kang lagi panas-panase pawarta saiki yaiku kasus agresi Israel marang Palestina lan Lebanon. Ing ngendi-endi ora mung ing Indonesia, nanging uga ing negara-negara liya dianakake dhemo gedhen-gedhenan. Kabeh wong sing nganakake dhemo mau padha protes marang tumindake Israel kang sawiyah-wiyah nglabrak negara liya. Kamangka sing dadi korban akeh-akehe malah warga sipil. Malah PBB dhewe ora bisa tumindak apa-apa kanggo nyegah agresi kasebut.
Dene dhemo kang sipate nasional antarane masalah kebijakan arep anane undhakan tarif dasar listrik. Dhemo kasebut uga dumadi ing ngendi-endi. Untung wae dhemo kasebut banjur ditanggapi dening pamarintah lan TDL ora bisa mundhak. Dhemo bisa lerem. Dhemo-dhemo regional ora kalah rame. Coba disimak wae, dhemo masalah lendhut panas ing Sidoarjo Jawa Timur, dhemo PPD Jakarta, dhemo living cost ing Jogjakarta, lan isih akeh dhemo-dhemo liyane katindakake dening masarakat, amarga hak-hake rakyat wis ora digape maneh. Mula supaya ora ana dhemo, aja pisan-pisan hake rakyat cilik ora diwenehake. Amarga nalika rakyat wis padha dhemo, ora ana sing bisa ngalahake.
http://www.tembi.org/bjawa-prev/109carita.htm
Tidak ada komentar :
Posting Komentar